B. Daerah

Pertanyaan

Mukara sumbawa lan ukara pakon

1 Jawaban

  • 1. UKARA PAKON (KALIMAT PERINTAH)
    Ukara pakon utawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing ngongkon. Wujude ukara pakon iku warna-warna, yaiku kaya ing ngisor iki:
    a. Ukara Pakon Lumrah
    b. Ukara Pakon Pamenging
    c. Ukara Pakon Pangajak
    d. Ukara Pakon Panantang.
    e. Ukara Pakon Paminta.

    2. UKARA SAMBAWA
    Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana.
    Tuladha:
    a. Panasa, ya klambiku ben garing.
    b. Udana sing deres ben tandhuranku subur.
    c. Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.
    d. Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
    e. Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.
    f. Diwenehana klambi apik, ya ra tahu dienggo.

Pertanyaan Lainnya